Minggu, 25 November 2007

Pasrah CPP (Bhs Jawa)



PASRAH SARANA / TUKON, SEKALIGUS MENYERAHKAN CPL


Bismillah hirohman nirohim. A.Wr.Wr. Alhamdulillahi robbil’alamin. Washolatu wassalaamu……dst



Para sesepuh, pinisepuh ingkang dhahat kinurmatan., Bapak/Ibu para rawuh, sumrambahipun para kadang santana saking keluarga calon besan Bapak Suroso ingkang kinurmatan. Langkung rumiyin mangga kita sadaya sesarengan ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan, berkah, rahmat, inayah sarta ridhanipun saengga kita sadaya saged kempal manunggal ing wanci siang punika kanti wilujeng nir ing sambekala.



Saklajengipun, ing mriki kula minangka sulih sariranipun Bapak Ir. Gunarto sekaliyan, bade matur wonten ngarsanipun Bapak / Ibu Suroso


SEPISAN;


Ngaturaken salam taklim, mugi katur wonten ngarso panjenengan Bapak Suroso sekaliyan, sumrambah para keluarga samudayanipun.



JANGKEP ANGKA KALIH:


Anglajengaken pirembagan antawisipun Bapak Ir. Gunarto sekaliyan ingkang hanggadhahi putra kakung ingkang sesulih Bambang Wijanarko, ST kaliyan Bapak Suroso sekaliyan ingkang hanggadhahi putra putri ingkang sesulih Dyah Ayu Wulandari, SE. Panjenenganipun kekalih sampun nyupaketaken anggenipun bade pasederekan, inggih sarana bade bebesanan. Mila saking adreging manah panjenenganipun Bapak Ir. Gunarto sekaliyan anggenipun katampi panglamaripun, pramila ing wekdal punika bade ngaturaken SARANA, minangka jangkeping tata cata cara tiyang sesemahan.



WONDENE ingkang bade kaaturaken wonten ngarsanipun Bpk Suroso inggih puniko:


1. Kitab Suci Al Qur’an, kaliyan sakperangkat sholat


2. Sakperangkat ageman, kangge calon penganten putri (CPP)


3. Sarana ngadisarira, ugi kagem CPP


4. Ageman ingkang arupi pelikan / jenean : gelang, kalung, sesupe


5. Angsal-angsal: samukawis ingkang dipun damel saking ketos, inggih jadah, wajik, lemper lan sapanunggilanipun sarta oleh-oleh sanesipun ingkang mboten kula sebat setunggal-setunggal


6. Pisang sanggan, kelapa gading, jeram gulung utawi jeram bali, tebu wulung


Catatan: Disebut sesuai apa yang dibawa !!!



JANGKEP ANGKA TIGA:


Saklajengipun, bapak Ir. Gunarto sekaliyan, ugi ngaturaken bubuh / redana ingkang awujud arta. Mugi-mugi kenginga kadamel ngenteng-enthengi anggenipun Bapak Suroso sekaliyan anetepi darmaning asepuh, inggih amengku gati amiwaha putra.



KAJAWI PUNIKA, saking panyuwunipun Bapak Gunarto sekaliyan, ing mriki kula pasrahaken CPL ingkang sesulih Bambang Wijanarko, ST. Kanti panyuwunan mbok bilih sampun dumugi titiwanci kados ingkang sampun karonce, mugia calon penganten saged kaijabna miturut tata cara agami Islam, saha adat sarta budaya ingkang lumampah ing papan / tlatah mriki.



MINANGKA PUNGKASING ATUR, mbok bilih Bapak Gunarto sekaliyan anggenipun ngaturaken sarana wonten kuciwa lan kekiranganipun, nyuwun agunging samodra pangaksami. SEMANTEN UGI kula minagka sulih sarira panjenenganipun Bapak Gunarto sekaliyan mbok menawi wonten galap gangsuling atur ugi nyuwun pangapunten ingkang katah. Wa bilahi taufik walhidayah, Ws,Wr,Wr.Nuwun.



PAMITAN: (Apabila diperlukan saja)


Kepareng matur dhumateng panjenenganipun Bapak Suroso sekaliyan, kanthi ngucap Alhamdulillah,sarehning menapa ingkang dados ancasing sedya inggih pasrah sarana tuwin ijabing penganten sampun paripurna, kula sadaya keparenga nyuwun pamit. Mboten langkung nyuwun tambahinh pangestu, mugi lampah kula sarombongan winantu ing basuki, mboten wonten alangan satunggal punapa. Mboten kesupen, mbok bilih sowan kula sak rombongan wonten kiraning trapsila, tuwin kedaling basa ingkang kirang mranani kula sepisan malih nyuwun agunging samudra pangaksami.Nuwun.

Tidak ada komentar: