Sing arep dakcritakake iki pengalamanku dhewe kira-kira 33 taun kepungkur, persise sasi April 1972. Kedadeyane ana ing gedhong Sarinah, Jl Thamrin Jakarta. Nalika iku aku nembe lulus sarjana saka UNDIP, Semarang. Kaya kanca-kanca sing luluse luwih dhisik, aku melu-melu nang Jakarta niyat golek gaweyan. Aku janji nemoni paklikku M sing ngasta ing PT Sarinah, perlu takon-takon informasi perkara golek gaweyan ing Jakarta.
PT Sarinah ngenggoni gedhong tingkat 15, dadi yen mungggah mudhun ora liwat undhak-undhakan nanging kudu nganggo lift. Terus terang saumur-umur aku durung nate numpak lift, dadi ora pati ngerti carane. Ben ora salah, aku ngenteni wong-wong liyane sing padha arep nganggo lift. Nalika aku mlebu nang ruang lift nang njero wis ana sawiji petugas sing langsung takon : “Lantai berapa pak?”. Langsung dakwangsuli :”Lantai 10, terima kasih.” Semono ugo nalika mudhune, nang njero lift wis ana petugas sing mbantu nglayani penumpang lift. Dadi rumangsaku, angger arep numpak lift mesti wis ana petugase sing nglayani, ora susah mencet tombol dhewe.
Liya dina aku nang gedhong BDN, perlu ngeterake lamaran gaweyan kanggo salah sawijining kantor akuntan. Padha karo gedong Sarinah aku kudu nganggo lift, mung saiki wis ngerti carane dadi ora ragu-ragu maneh. Nalika aku mlebu lift kebeneran kosong, mung ana wong siji sing ngadeg cedhak tombol-tombol nomer lantai. Wah iki mesti tukange lift, batinku. Langsung aku pesen karo semune rada kongkon : “Lantai 7”. Wonge nurut mencet nomor 7. Bareng tekan lantai 5 lift-e mandheg, lawange mbukak terus wonge mau metu. Woo, tibake dheweke padha-padha penumpang kaya aku, dak darani tukang lift. Wah jan isin banget aku, tujune wonge wis ora ana. Nek kelingan nganti seprene isih kudu ngguyu dhewe. (Roes Haryanto – Jakarta)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar